Pupus Puspa
Dining: Deni
Widayati
Tumbak,clurit
lan keris dadi gaman
Geger
ana ing sak paran-paran
Getih kanggo
adus siti ing rananggana
Ora eman nyawa, ora eman bandha
Sing ana sih katresnan marang negara
Pancen saiki
wes merdika
Nanging lali
marang kusumayuda
Pancen kari
balung ing pasarean
Kanggo
tenger ing ndhuwure madeg maejan
Alum kembange bangsa
Tanpa kadikdayan...
Elenga marang kahanan
Ayo padha nerus ake gegayuhan
kusumayuda
0 komentar:
Posting Komentar